PERINDU SYURGA

Hati bersatu karena kerinduan pada Illahi

AKU RA PO PO

Aku ra po po koe cidro ing janji...
Qadarullah kanthi lelakon iki Wis kebukak byak kabeh wadi....
Koyo padhange srengenge ing siang ratri...


Aku ra po po...
Aku tetep nganggep sliramu minongko guru lan tulodho sajroning uripku...
Mbuh mergo aku lugu nanging pancen kui kasunyatan atiku...


Yen saiki aku ngadek jejek ning ngarepmu...
Kanthi suku kang pengkuh lan awak kang bakuh...
Ora ateges aku nesu marang sliramu...
Aku kudu nuruti jerite sworo sing tak rungu...


Iki kabeh mergo tresnaku marang bumi lan wargaku...
Kang ra iso diukur nganggo jerone segoro kidul opo duwure gunung lawu...
Tak belani nganthi pecahing dodo wutahing ludiroku...
Karanganyar kudu dadi laladan kang bermartabat, relijius lan maju....



Iki tondo tresnaku marang Karanganyar...
Bumi leluhur bumi sang fajar...
Karanganyar kudu dipimpin kanthi ati wening adoh ambisi kadonyan lan barang nyar...
Adoh saka tindak adigang adigung adiguna koyo prabu dewotocengkar....


Dupeh kuwoso banjur lali karo wong cilik...
Lali karo kringet lan getih kang netes rikolo nggayuh lintang ing langit...
Bebasan wis dijunjung dibopong dipundak....
Nanging saiki ngidak-idak...
Banjur lunjak-lunjak gumuyu lakak-lakak...


Aku ra po po....
Mbok menowo iki pancen wis ginaris ing ngarsane Gusti kang nyipto mendung lan udan...
Kabeh lelakon nggowo pesen kang kasimpen...
Mergo tresnaku marang bumi Karanganyar aku saguh dadi bebanten...


Surodiro joyoningrat lebur dening pangastuti....
Gusti Allah mboten sare...


(By: Budhi Hartanto)

#KamiBersamaRohadi #KoalisiKerakyatan #MajuBersamaRakyat

0 komentar:

Posting Komentar

Diberdayakan oleh Blogger.

Perindu Syurga

Perindu Syurga
Cinta Kerja Harmoni

About Me

Followers

Pageviews

Hikmah Hari Ini

“Saya bersama kalian, saya berada diantara kalian, untuk memegang teguh syari’at Undang-undang. Kita mencintai Rab Kita melebihi tanah air kita, dan kita berbuat adil, adil dengan apa yang kita katakan. Kami menginginkan kemerdekaan dan keadilan untuk anak anak kita.” (Muhammad Mursi).